nalikaning aku tangi sliramu tekan ing angenku
nalikaning aku sadar sliramu adoh saka awakku
duh.....
ing sajroning impenku sliramu nyanding aku
ing sajroning uripku sliramu bareng aku
ing sajroning netraku sliramu mesem marang aku
ing sajroning dongaku jenengmu tansah kumanthil ing lambeku
sliramu lunga ninggal angen angen
sliramu lunga ninggal pangarep arep
sliramu lunga ninggal impen kang durung kelakon
aku ora bisa omong apa apa
aku ora bisa crita apa apa
aku ora bisa menehi apa apa
aku ora bisa nyangoni apa apa
mung tetesing waspa
mung dunga kang bisa nguntabake lakumu
muga muga sliramu nemoni nugrahaning gusti
muga muga sliramu nemoni apa kang mbok gayuh
Awang-awang kumelap 24 mei 2008